Naskah Drama Bhs Jawa (5 orang)
KOMPAK
KUNCI SUKSES
(Ing sawijining desa ana pemuda kang
wus akrab banget, yaiku Arisma lan Galih. Bocah loro iku seneng banget nggawe
ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili.
Wektu iku sawise sekolah Arisma ngampiri Galih.)
Arisma : Lih, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Galih)
Galih : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Arisma : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Galih : Kowe arep ngajak dolang ning ngendi ?
Arisma : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Galih : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib
eneh !
Arisma : Hehehe, ora-ora.
Galih : Gek nggawa duit opo ora ?
Arisma : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih
(Mlaku ngadohi Galih)
Galih : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.
(Sawise iku Arisma lan Galih dolan.
Arisma lan Galih ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama Basa. Jawa
kanggo ujian praktek . Ing sawijining panggon, Nindi lan Nadia ngenteni bocah
loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Arisma lan Galih.)
Nadiah : He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Nindi : Lha yo ning ngendi bocah loro kuwi, mau opo ora krungu yen
di omongi...
Nadiah : ooo…ngene wae, piye nek awak dewe marani omahe?
Nindi : Omahe sapa ?
Nadiah : Yo omahe Arisma wae sing ana wong tuwane
Nindi : Yen ora ana piye ? Gek iki durung latihan blas lho...
Nadiah : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek
kabeh.
Nindi : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah
dramane, piye ?
Nadiah : Hmmm, yowis nek ngono. Sing apik lho yo critane ?
Nindi : Oke bos.....
(Banjur Nadiah mara menyang omahe
Arisma. Ing kono Nadiah ora nemoni sopo-sopo. Akhire Nadiah mbalik maneh lan
nerusake nggawe teks drama karo Nindi. Akhire dienteni nganti maghrib Sardi lan
Jono ora teka-teka.)
Nindi : Piye bocah loro iki ? wis dienteni nganti maghrib kok yo
ora teka-teka?
Nadiah : Lha yo piye , lek panggah ora gelem kelompok yo golek
liyane wae.
Nindi : Nah, bener...aku setuju karo kowe. Yo wis aku pamit yo
Nad. iki mesthi wong tuwaku wis
nggoleki.
Nadiah : Oke, dirembug sesuk wae. Bocahe ditakoni apik-apik.
Nindi : Eh iyo, aja lali sesuk nggawa buku basa jawa.
Nadiah : Gampang, yowis ndang
muliho.
(Nindi mulih amarga wis maghrib.
Sesuke neng sekolahan Nindi lan Nadiah rembugan bab drama B. Jawa. Arisma lan
Galih banjur nyedaki kelompoke)
Nindi : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu
daerah ae.
Nadiah : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Nindi : Jajal kene aku
(njupuk pianika saka tangane Nadiah)
Arisma : Halah kemiso, jajal piye....
Nindi : (nyanyi
gundul-gundul pacul)
Arisma : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Nindi : Sing penting lagu
daerah lho...
Galih : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Nadiah : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Arisma : (Main pianika)
Nindi : Lha kuwi opo ora yo
lagu pop.... hahaha
Arisma : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Galih : Kene lek ngono aku
ae.
Arisma : Kelompok liya wis padha kompak lan apik… kelompok awak
dhewe isih durung apa-apa…
Nindi : Yo iki amarga kowe lan Galih sing dolan wae…
Arisma : Heladalah, iki tenanan lho...
Nadiah : Lha kowe karo Galih dhek wingi ning endi kok ora teka?
Galih : Nyapo aku sing kok takoni....
Nindi : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Galih : Kapan kowe ngomong ? ( mulai nesu )
Nadiah : Ow, kowe wis pikun yo ?
Ferry (P.Guru): He he, Iki
bocah-bocah padha rebut ning kene iki ana masalah apa?
Nadiah : Niki, Pak. Arisma kalih Galih dhekwingi mboten purun kerja kelompok
drama.
Ferry(P.Guru): Weh weh,Geneya kok
kowe ora gelem kerja kelompok?
Arisma : Lha kula mboten ngertos yen ana kerja kelompok Pak… Nindi
lan Nadiah mboten ngabari kula
Ferry(P.Guru): apa bener sing
diomong Arisma? Kowe wis ngandani durung?
Nindi : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Ferry(P.Guru): Lha kwi kowe ora
teko...
Jono :
Ora diomongi, Pak.
Ferry(P.Guru) : Halah halah… wis ora
usah eyel-eyelan. Yen kowe padha nesu kaya ngene iki ora bakal isa kompak
dramamu… saiki ayo padha kerja kelompok sing bener supaya hasile apik.
Sawise ngono, bocah papat kelompok
nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang
apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Nindi : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Nadiah : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Nindi : Ris, Lih, nyapo meneng wae ki.... wis berhasil lho
Arisma : Aku njaluk sepuro yo, Nin… Nad, merga aku nyepeleke kerja
kelompok lan malah dolan sakarepku dhewe
Nadiah : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Ferry(P.Guru): Lha yo ngono, lek
gotong royong bareng kan iso apik hasile. Dadi intine, kompak kuwi teka saka
solidaritas marang anggotane, yen isa ngalah lan ora gampang nesu pasti bakal
dadi hasil sing apik… Mangkane, kompak kuwi kunci sukses…
Arisma : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan
kalihan bapak.
Galih : Kula nggih, Pak.
Ferry(P.Guru): Yo wis ora opo-opo.
Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Arisma lan Galih mulai ngrubah
sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling
apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe
dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
Komentar
Posting Komentar